Jumat, 18 Maret 2011

Anti Acne

Paijo (Rap Jawa)

Paijo paijo gaweane suloyo,
Paijo paijo ra nduwe totokromo
Paijo paijo mangane godong telo,
Paijo paijo raine koyo butooo...

Ono bocah ireng lethek nggegirisi,
kabeh uwong seng ngematke podo mlayu bali
Marai bocah kuwi mlaku ora nganggo klambi,
teler ngombe ciu surungane roti
Senengane mbendinane yo mung koyo ngono,
ora mikir anak e seng cacahe wis loro
Onone mung seneng-seneng ngasi awak loyo,
le bare pijetan merem melek ko petho
Paijo jenengane gede duwur awak e,
karepe wong tuwane iso nggenah tur nyenengake
Tapi nyatane kok malah kewalik ane,
Paijo dadi ndugal anane nyente-nyente

Woeee...
Wis jan nek di pikir malah mesak ke,
wong tuwane karo bojone nangis batine
Sak bendino ngandani ora ono epek ke,
Paijo malah dugem ra gelem miker ke...

Paijo paijo gaweane suloyo,
Paijo paijo ra nduwe toto kromo
Paijo paijo mangane godong telo,
Paijo paijo raine koyo butoo0...

Soko cilek Paijo wis kethok banggel,
gaweane nongkrong nek dikandani angel.
nek dolan senengane nek nggone tukang togel,
golek wangsit nek kuburane
Mbah Dogel
Oalah leee.. kowe kok tambah lek nggilani,
hobine nyang tangan nyileh kamar nggo vcd
Wis tau konangan malah gage lungo mburi, jebule
Paijo ngentek ke sabun mandiii...

Paijo paijo gaweane suloyo,
Paijo paijo ra nduwe toto kromo
Paijo paijo mangane godong telo,
Paijo paijo raine koyo butoo0...

Bang bang tut jendelo wowo,
sopo wani ngentot di tembak rojo tuwo
Tuwo tuwo kaji rambute karek siji,
sopo seng ngapusi endok ke ilang siji

Mulakno kowe kabeh nurut nek di kandani,
eling karo Gusti men slamet nek ndunyo iki
Ati ati keno Adzab mati wetenge gedi,
mergo kakean mangan barang ra mbejaji

Woeee...
Yen isih nglakoni cepet ndang mari,
tobat karo Gusti dosane di kelongi
Ora usah mikir ndunyo seng mung mamper ngombe
Ojo wedi kere seng penting sugeh atine
Wis sak iki tumindak o seng becik
Ojo koyo Paijo senenge maling pithek
Becik ketithek olo ketoro
Ayo kabeh-kabeh do podo eling dosaaa...

Paijo paijo gaweane suloyo,
Paijo paijo ra nduwe toto kromo
Paijo paijo mangane godong telo,
Paijo paijo raine koyo butoo0.....

Tidak ada komentar:

Posting Komentar